WALIMATUL URZY
PRANATA
ADICARA
Assalamu’alaikum wr.
Wb. Bissmillahirrohmaanirrohiim..
alhamdulillahirobbil
aalamiin wasshoolatu wasshalaamu ala ashrofil ambyaki war mursaalin sayyidina
muhammadin wa’ala alihi washob’bhihi aj’main..
Selajengipun
kula ngaturaken sembah panuwun dumateng para tamu undangan kaliyan bapak K.H
wisnu. Alhamdulillah puji syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun maringi
kenikmatan, iman, kaliyan salam mugi tansah dipunlimpahaken dumateng junjungan
kito rusululloh SAW, sahabat, ugi pengikutipun ingkang sampun maringi pitedah
arupi ajaran islam. Para hadirin, monggo kito bika’ adicara menika kaliyan
bacaan basmalah ugi sholawat.
1) Kanthi
susunan adicara menika kanthi setunggal maos ayat suci al qur’an. Dumateng
panjenenganipun kawula sumanggahaken..
2)
Adicara kaping kalihipun inggih punika
tanggap wacana saking sohi bulbait.Dumateng bu yolanda, wedal kaliyan papan
panggenan kawula sumanngahaken..
3)
Adicara selajengipun inggih punika atur pasrah
kemanten kakung. Dumateng bu ina , wedal kaliyan papan panggenan kawula
sumanggahaken..
4)
Adicara selajengipun inggih punika
pinampining kemanten kakung. Dumateng bu galuh, wedal kaliyan papan panggenan
kawula sumanggahaken..
5)
Adicara selajengipun ingih punika
wasitha adi. Dumateng bapak K.H Wisnu wedal kaliyan papan panggenan kawula
sumanggahaken..
Audzubillahhhimiinassyaitoonorrojiim,
bissmillahirrohmanirrohiim..
Barokallohu
laka wabaaroka alaika waa jamaa’aa bayakumaa fii khoir..
Mugi mugi
Allah maringi berkah dumateng panjenengan kekaleh kaliyan ngempalaken
panjenengan kekaleh wonten lebete kesaean. Amiin amiin yaa robbal alaamiin..
Adicara sampun
kito lalui, kula Kafila Arzy Safitri katindak dados “ pranata adicara “ nyuwun
agunge pangapunten. Monggo kito tutup adicara munika kaliyan bacaan hamdalah
ugi do’a penutup . bissmillahirrohmaanirrohiim , subhanaaka allohuma waa
bihamdika asy hadu allaa illaa haa illaa anta asytagfiiruka waa’aatuubu
ilaaik.. alhamdulillahirrobbil alaamin..
Wassalamu’alaaikum
wr.wb
Dumateng para
tamu undangan kula sumanggahaken kanngge ngragati dedhaharan ingkang sampun
sumadya.
Kafila arzy safitri (13)
PENYERAHAN KEMANTEN KAKUNG
Assalamu’alaikum
Wr. Wb.
Dhumateng para bapak, para ibu, lan tamu undangan
ingkang kawula hurmati. Shaha KH Wisnowan ingkang kawula mulyaaken wabil khusus
kemanten keekalih ingkang bebungah.
Monggo rumiyen kita ngaturaken puji syukur ing
ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring rahmat lan nikmat dhateng kita
sedaya, sehingga kita saged kempal wonten ing majlis kanti sehat walafiyat.
Kaping kalihipun sholawat kalian salam mugi-mugi
tansah dipunlimpahaken dhumateng junjungan kita Nabi agung Muhammad SAW ingkang
sampun mbeta kita saking jaman jahiliyah tumuju agami islam.
Para rawuh ingkang kawula mulyaaken. Kula aturaken
agungipun panuwun dhumateng pranata adicara ingkang sampun paring wekdal
dhatengg kula. Kula minangka wakil saking keluarganipun kemanten kakung supados
masrahaken Adhimas Bagus M fadli dhumateng bapak turmuji supados dipuntrami
dados putra mantunipun.
Kalian maos kula pasrahaken Adhimas Bagus M. Fadli
dhumateng Bapak Turmuji kanthi sedaya kawontenanipun lan kekiranganipun.
Mugi-mugi bapak Turmuji saged nampi kalian iklas lan panjenenganipun saged
ndidik ananda menika supados saged dados mantu ingkang sae, dados kepala
keluarga ingkang sae lan taat marang agami kalian tiang sepuh.
Mugi-mugi kemanten kekalih dados kemanten ingkang
sakinah, mawadah, warohmah.
Cekap semanten saking kula. Menawi wonten kekirangan
lan kalepatanipun saking kula, kula nyuwun agungipun panuwun.
Wassalamu’aaikum
Wr. Wb.
Disusun
dening : Ina Kurnia I.
PINAMPINING KEMANTEN KAKUNG
Assalamu’alaikum wr.wb
Dhumateng bapak /ibu lan tamu ingkang kula khurmati.
Saha K.H Wisnowan ingkang kula mulyaaken.
Pambuko kulo haturaken dhumateng ngarsane gusti Allah
S.W.T ingkang sampun paring pangestu ingkang arupi ni’mat kaliyan rahmat , ugi kawilujengan sehingga, kita sedaya saged kempal wonten
acara Walimatul Urusy niki. Selajengipun kula matur sembah panuwun dhumateng
ibu pranata adicara ingkang sampun paring dhateng kulo minangka wakil saking
keluarganipun penganten putri.
Langsung kemawon dhateng inti acara kanthi singkat
ngangge bacaan Bismillahirrahmanirrahim. “Kula tampi anggen panjenengan
nyerahaken putra ingkang asma M. Fadli. Kula tampi ngangge asta kekalih kula
lan ugi kula anggep dados yoga kula piyambak”. Selajengipun , kula nyuwun dunga
pangestu dhumateng panjenengan sedaya mugi-mugio kekalih penganten niki dados
brebayan rumah tangga ingkang slamet dunya lan akhirat lan dados rumah tangga
ingkang sakinah mawaddah warahmah, ingkang tansah pinaringan ridha Allah S.W.T
Amin .
Semanten mawon anggen kula matur dhateng panjenengan
sedaya, kirang langkungipun kula nyuwun pangapunten .
Wassalamu’alaikum wr.wb
Asma : Galuh
Hegmatiyar Nourillah / 06 / IX-H .
CERAMAH
Assalamu’alaikumum
Wr. Wb.
Ingkang kawula hormati dhumateng para undangan kalian
dherek-dherek ingkang sampun rawuh dateng adicara Kemantenan teng mriki.
Ingkang setunggal mari kita aturaken puja kalian puji
syukur dateng Gusti Allah SWT ingkang sampun maringi hidayah lan keslametan
marang kita sedayasehingga kita saged kempal teng adicara mriki. Lanjutipun
mari kita berdo’a dateng Allah SWT mugi-mugi solawat kalian salam saged
tercurahkan dateng Nabi Muhammad SAW.
Kula teng nggene mriki wakili para dherek-dherek
sedaya ngaturaken sugeng bahagia dateng pasangan penganten. Kangge pasangan
penganten menika, kanggenipun njaga tali silaturahmi teng keluarga, kita kudu
nggadhahi rasa cinta kalian kasih sayang marang sedaya anggota keluarga.
Terlebihipun dateng para suami, teng nggene Al Qur’an sampun ditegasaken dateng
Allah SWT kangge para suami kudu nglakoni becik kanggo istrinipun. Minurut
Sabda Rasulullah SAW :
“WA
‘AASYIRUUHUNNA BIL MA’RUFI”
Menawi
artinipun nggeh niku : lan pergauilah istrimu kang becik.
Ingkang mengke sampun dados kluarga, kula dongaaken
menawi saged dados keluarga ingkang sakinah, mawadah, warohmah. Kalian saged
nembe nggadhahi putra kang soleh kalian solehah….
Dateng para undangan sedaya ingkang kula hormati,
Cekap semanten atur kula, menawi kula wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten
ingkang kathah…
Wabillahi
taufik wal hidayah
Wassalamu’alaikum
Wr. Wb
Disusun
deninng : Wisnowan Hendy Saputra / 9H / 29
Tidak ada komentar:
Posting Komentar